Thursday, November 28, 2013

Tembang Macapat


A.      PANGKUR
1.       Kanjeng sunan kali jaga
Ingkang ngripta kang dandhang gula yekti
Sunan gunung jati pocung
Njeng sunan bonang durma
Maskumambang yeku sunan maja agung
Tembang mijil ingkang ngripta
Sunan geseng asmane ki
2.       Sunan giri smarandana
Datan kantun sunan pajang kinanthi
Sunan murya padha pangkur
Dene sinom kang ngripta
Datan sanes njeng suna giri rumuhun
Megatruh iku kang yasa
Nenggih kanjeng sunan giri
3.       Sekar pangkur kangwinarna
Lelabuhan kang kanggo wongaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
4.       Deduga lawan prayoga
Myang swatara riringa aywa lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggalan
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Ngucap meneng anendra
Duga-duga nora kari
5.       muwah ing sabarang karya
ingprakara gedhe kalawan cilik
papat iku datan kantun
kanggo sadina-dina
 lan ing wengi nagara miwah ing dhusun
kabeh kang padha ambegan
papat iku nora lali

B.      POCUNG
1.       Jrotyas wuyung nulat sekar gandanya rum
Angrerujit nala
Lina lutan bangkit lalis
Tulus lalu lila lamun pinetika
2.       Iya mathuk bakal ya tansah kepethuk
Tinemune nyata
Yekti marga isi-isi
Wite dhuwur angel tumi-tumiyungna
3.       Yen satuhu arum njawi lebetipun
Tan nganggo pulasan
Mongka sudarsana yekti
Aweh mulya ngambar gandane kusuma
4.       Bapak pocung cangkemmu marep mandhuwur
Saba mu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pocung mutah guwaya
5.       Angkara gung neng angga agung gumulung
Gegolonganira
Tri loka kere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
C.      MIJIL
1.       Duksamana durung ana listrik
Nganggo lampu teplok
Padhang mbulan tur akeh kancane
Tetembangan njoget genti-genti
Majune di gilir
Surak rame gupyuk
2.       Nggaru mluku nganggo kebo sapi
Durung ana traktor
Jam sepuluh teka kirimane
Bapa tani enggala nglereni
Nggone nambut kardi
Nuli mentas wisuh
3.       andhe dhuh biyung wayah apa iki
rembulan wus ngayom
ing gegana ting abyor lintange
titi sonya puspita kasilir
marutaris kengis
sumrik gandanyarum
4.       Padha dipun eling mring pitutur ing ngong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmila ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarangipu
5.       Dipun nedya prawira ing batin
Nanging aja katon
Sasabana yen durung mangsane
Kakendelan aja wani mingkis
Winika ing batin
Den samar ing semu
D.      KINANTHI
1.       Nalikanira ing dalu
Wong agung mangsah semedi
Sirep kang balawanara
Sadaya wus sami guling
Nadyan ari sudarsana
Wus dangu nggenira guling
2.       Kukusing dupa kumelun
Ngeningken tyas kang apekik
Kawengku sagung jajahan
Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra
Kang anjog saking wiyati
3.       Kagyat risang kapirangu
Rinangkul kinempi-kempit
Duh sang retnaning bawana
Ya ki tukang walang ati
Ya ki tukang ngenes ing tyas
Ya ki tukang kudu gering
4.       Teka ndadak melu-melu
Kaya budine wong ceplik
Lali yen kalengkangningrat
Ing bawana amurwani
Mustikaning jagad raya
Dhemen lalen sangga runggi
5.       Sun iki ngembani wuwus
Dewa sang Hyang Hodipati
Bathara sukma kawekas
Sira ingkang den paringi
Nenggih maosadi lata
Panguripe wong sabumi
E.       SINOM
1.       Nulada laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wonga gung ing ngeksi ganda
Panembahan senapati
Kepati amar sudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karya nak tyas ing sasama
2.       Punika serat kawula
Katura sira wong kuning
Sapisan salam pandonga
Kapindo takon pawarti
Jare sirarsa laki
Ingsun mung sewu jumurung
Amung ta wekasi wang
Gelang alit mungging driji
Lamun sida aja lali kalih kula
3.       Bang bang wetan wus rahina
Wungua nggenira guling
Medala lawang butulan
Lawang gedhe den jageni
Wanci punapa iki
Wancine sawung kaluruk
Umyung swarane sat
Mager sari padha tangi
Wus rahina wong bagus enggal wungua
4.       Laksi tane janma tama
Ambeg rereh raras ririh
Tan tinggal duga prayoga
Riri ngatan sah liniling
Lamun micara manis
Netya sumeh semu arum
Tanggap nging nora calak
Kawignyan dineleh wuri
Ngarah arah nut wahyaning kala mangsa
5.       Sun iki dhutaning nata
Prabu kenya majapahit
Kekasih Damar Sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun
 Ingutus Sang Narpendah
Kinen mocok murdataji
Marmaningsun ingutus ywa mindho karya
F.       DHANDANGGULA
1.       Kekidungan kang mawa pepeling
Ngelingaken mrih tindak utama
Wong urip iku wajibe
Ngagengna darmanipun
Kanthi rila terusing ati
Sira wajib lenggana
Manungsa puniku
Cinipta datan sampurna
Lan manehe tan bisa urip pribadi
Tansah butuh wong liya
2.       Aja nyawang mring bedaning kulit
Aja nyawang bedaning agama
Iku kanca nira kabeh
Sanadyan drajadipun
Luwih cendhek lawan si reki
Becik den kurmatana
Sesamaning makhluk
Yen iku wus katindhakna
Mesti sira tetep bakal den payungi
Gusti kang Maha Nasa
3.       Wardining kang sasmita jinarwi
wruh kukum iku watekira
adoh marang kanisthane
pamicara puniku
wah reseping sagung miyarsi
tatakrama puniku
ngedohaken panyendhu
kagunan iku kinarya
ngupa boga dene kelakuan becik
weh rahayuning angga
G.     MEGATRUH
1.       kacarita kyana patih dhendhabahu
pan sarwia teken encis
amenggang gesar wawulung
apindha jakir nagari
yen ka anggul janma menggok
2.       Aywa kliru kang jeneng urip iku
Ya kang gumelar neng bumi
Sing bisa branahan iku
Run tumurun ing salami
Tetuwuhan kewan janma
3.       Kabeh iku mung manungsa kang pinujul
marga duwe lahir batin
jroning urip iku mau
isi ati klawan budi
iku pirantine ewong
H.     GAMBUH
1.       Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadulu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon
2.       Lan sembah sungkem ipun
Mring Hyang Sukma elinga sireku
Apan titah sadaya amung sadermi
 Tan welangsira andhaku
Kabeh kagungan Hyang Manon
3.       Marmane sira sagung
Aneng donya ywa kong si kaugung
Dipun becik mring sasama ning dumadi
Supaya nora kaduwung
Mrih rahayu ning lalakon
I.        MASKUMAMBANG
1.       Nadyan silih bapa biyung kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan becik
Nora pantes yen den nuta
2.       Apan kaya mangkono watekan iki
Sanadyan wong tuwa
Yen duwe watek tan becik
Miwah tindak tan prayoga
3.       Aja sira niru tindak kang tan becik
Nadyan ta wong liya
Lamun pamuruke becik
Miwah tindake prayoga
J.        ASMARANDANA
1.       Jomblah wanuh ingkang wadi
Mangkana upami nira
Pamestri kuwajibane
Den wanuh budining priya
Dimen tuk sih tan kendhat
Mbok manawa wuwuh wuwuh
Wikaning tyas marang sira
2.       Jamane nyata wus keksi
Sapa gelem nambut karya
Bakal nampa pituwase
Nging padha eling-elinga
Sosial mring sesama
Nggenya sami golek butuh
Tan mung nggo dhiri priyangga
3.       wus begjane wongkang sugih
samu barang kasembadan
wragad kapetung sepele
kabutuhan wus sumadya
kepara kari aba
 donya iki pancen makmur
mung emane durung wrata
K.      DURMA
1.       Ayo kanca gugur gunung bebarengan
Aja ana kang mangkir
Amrih kasembadan
Tujuan pembangunan
Pager apik dalan resik
Latar gumelar
Wisma asri kaeksi
2.       Paman- paman apa wartane ing ndalan
Ing ndalan keh pepati
Mati kena apa
Mati pinendang ligan
Ing jaja terusing gigir
Akari raga
Badan kari gumlinting
3.       Krodha ngunus candrasa Rahwana mangsah
Galak mangkrak angerik
Candra samakilat
Hingayat tan umesat
 Janthayu miber ngungkuli
Gumreng ngawiyat
Dasamuka nuntuti


No comments:

Post a Comment

Jangan lupa tinggalkan komentar serta kritik dan saran yaa...
Silahkan copas, tapi tetap cantumkan alamat blognya.
Semoga Bermanfaat